Sabtu, 30 Januari 2016

GEBYAG CAH ANGON

Gebyag Cah Angon yaiku tradisi masyarakat desa Entak, kecamatan Ambal, Kebumen minangka pengetan Maulud Nabi Muhammad SAW. Tradisi iki ditindakake kabeh wong desa pesisir kidul Kebumen. Pengetan Maulud Nabi Muhammad SAW kanthi tradisi Gebyak Cah Angon iki namung ana ing Desa Entak, Ambal. Tujuanne kanggo nguri-uri budaya luhur ing desa Entak. Tradisi iki arupa seni, budaya kang meh sirna supaya tetep lestari minangka aset budaya bangsa. Saliyane iku, tradisi Gebyak Cah Angon uga nduweni karep, yaiku:
1. Kanggo ungkapan rasa syukur marang Gusti Allah SWT kang wis menehi keslametan, kasarasan, pangayoman, lan rezeki marang manungsa.
2. Kanggo wisata budaya lan wisata religi.
3. Kanggo wadah promosi Agro Wisata

  
       Gebyak Cah Angon miturut critane yaiku kabiyasaan bocah angon saben dinane angon ternak kang umumme arupa lembu/sapi, lan wedhus. Wiwit jaman biyen bocah-bocah kang umure isih 12 taun wis kulina angon ternak ing pesisir. Biyasane nggawa bekal kanggo sangu angon.

· Urut-urutan adicara Gebyak Cah Angon :
1). Nggawe sangon menyang pantai segara kidul lan nggawa endok bebek/endok ijo.
2). Nglakokake kirab sapi menyang pantai segara kidul.
3). Nggelar aneka pentas kesenian daerah Entak.
4). Nggelar ruwatan(ngguwang sial bareng-bareng).
      Yaiku:
  a. Ngilab/Ngayom
  b. Ritual Do'a
  c. Entak-Entik/Sangon Pesisiran.
  d. Nyumed pondok alang-alang sumbi
sengkolo.
  e. Ngidung cah angon
5). Menek undaran
6). Surak hore
          Yaiku seneng-seneng kaliyan ngucapake rasa syukur marang Gusti Allah SWT.